gayuh urip bagio lewat kasampurnan jati
URIP BAGyO KANG DIPUNGKASI
KANTHI PIKOLEHING KASAMPURNAN JATI
Pambuka
Buku iki, isine dudu alat sing gumatok utawa patokan mati kang duwe maksud sapa wae kang gelem, akeh kabagian urip sajati. Ing donya iki, lan kepengin menawa nek wis teka titi wancine bisa nampa “kasampurnan jati”, laku sing ora dikudokna, malah ora bener, menawa isi dadi pedoman utawa patokan (didadekna koyo patokan, paugeran, apa maneh dadi dogma).
Buku iki isine mung menehi tuntunan kepriye menungsa bisa meguru marang guru sejatine dhewe, yaiku uripe dhewe, utawa rokh-e dhewe (his or her own soul).
Kang kudu dinut dening pendak wong yaiku tuntunan kang paling becik saka uripe dhewe.
Urip sing bisa nuntun sing paling becik (beciking becik) lan paling bener (benering-bener) tumrap pendak menuungsa, kang sifate pribadi amarga urip kuwi kang asale saka Maha Urip, yaiku Gusti kang Maha Tunggal (urip kang ngalimputi, ngobahake lan nguwasani jagad raya saisine) lan yo mung urip, kang mengkone bali (kudune) marang Gusti kang Maha Tunggal.
Urip kang mangerteni, apa lan kepriye ragane (menungsa) pendak wektu kudu tumindak. naliko isih ana ing donya, kareben tansah ing swasana Bagya Sejati.
Bagya sejati iku mapane ana ing rasa sing kita alami, sing tansah owah gingsir.
Menawa kita nindakake urip lan panguripan ( kehidupan dan penghidupan ) ing donya iki nurut dalane urip, mula kita arep ngalami urip lan panguripan kita kang tansah kalimpudhi dening rasa bagya kang sejati.
Mulane “mlakune urip” kita, ora kakal nyimpang saka saindering urip dhewe (the life cycle), tegese kita ora gowo sang urip ben nyimpang saka lakune kang kudune digayuh, yaiku Gusti (Tuhan) naliko ana ing donya dadi siji karo ragane, banjur lepas karo ragane,lan langsung bali menyang asale yaiku Gusti kang Moho Tunggal tanpa kudu nunggu yutaan tahun.
Ora setithik menungsa kang urip saiki, ing jaman kang dikandakake maju, modern, amarga dicukupine kabeh kebutuhan materiale, uga kabutuhan emosionale, ananging kelangan rasa bagya kang seejati. Pol - pole yo mung dirasakake sedhela, sak banjure ilang lan golek seneng meneh, lan seteruse.
Ora setithik para keluarga kang kelangan harmonise, serasine, kebagiaan ing jero keluwarga opo kang kaidham-idhamake kabeh wong ing wektu kepengin mbangun keluwarga.
Kabeh mau, amarga menungsa nglalekake menawa ing njero awake ana urip (rokh, soul)e. tanpa urip, kabeh samubarang muspra lan ora nduweni rega maneh.
Wis nyoto nek menungsa rumangsa tetep duweni pepinginan, lan uga duweni usaha nindakake sesambungan karo Gustine (Tuhan)ne ananging kabeh kang ditindakake, mlenceng adoh saka sesambungan kuwi. kabeh tindak-tanduke, sing dadi patokane yo rung akal pikirane dhewe, kang dadi patokan, apa kang dianggep dheweke becik lan bener ora gelem weruh, apa kang sak tenane becik lan bener. ora gelem weruh, apa kang sak tenane becik lan bener marang dheweke miturut Gusti (Tuhan).
Kanthi njalani laku kasampuran manunggal kinantenan sarwo mijil, menungsa tansah katuntun diwenehi weruh, apa kang becik lan bener kanggo tumindake dheweke, pendak wektu, sing menehi weruh, uripe dhewe amarga yo mung urip kang bisa nangkep karsane Gusti ing pendak wektu.
Buku iki, isine gegambaran bab kepriye njalani laku kasampurnan iku, dudu kanggo pedoman (patokan) lan ora kudu kon percaya. Menawa menungsa wis njalani, dheweke arep entuk pengalaman lan bukti-bukti dhewe. dadi, nek percaya, amarga ngalami, mbuktekake lan ngrasakake dhewe.
Buku iki kasusun, kanthi landesan karepe penulis “ngangsu” (nimba) saka sumbere, yaiku Romo Herucoko Semono. Rata-rata meh pendak minggu, mataun-taun, tansah ”sowan” (ngadep) kanggo ngangsu “pangerten” bab laku kasampurnan iki, yo wis mesti ditambahi pengalaman ngayati lan ngamalake laku iki puluhan tahun lan pengalaman sing ngamati lan momong maewu-ewu wong kang podho-podho ngayati laku iki (kasebut “kadhang”).
dadi, nek ana “kadhang” sing nduweni wawasan liya, kuwi wajar, lan kuwi dadi hak-e. Luwih-luwih menawa kang dikandakake yaiku pengalaman pribadine. mula penulis ngupaya, nulisake buku iki cara umum tanpa nglebokake pengalaman kang sifat banget pribadi.
Kebeneran uga, “dawuh” lan wulang wuruk (ajaran) saka Romo Herucoko Semono kang kawedarake ing kene, sifat umum dudu dawuh kang sifat kanggo pribadi penulis.
Wis sak mestine, penulis tetep nyadari , yen laku iki, menawa katulis kabeh, yen nganti segara kaganti dadi mangsi ora cukup kanggo nulisake ( “sanajan banyu kabeh segara dadhi mangsi, ora cukup kanggo nulis kabeh dhawuh).
Ka bayang –ke wae, dhawuh-dhawuh Romo Herucoko Semono wae sing piyambake lakoni luwih saka 25 tahun, esok, awan, mbengi saka 1955 nganti 1981 .tangeh lamun bisa nulisake kabeh?
Sabanjure, penulis ora njaluk ben tulisane dipercaya, dibenerake apa dedadekake pedomann. Penulis gawe buku iki, amarga saka panjaluke wong akeh, mataun-taun. dadi, netepi pepenginan wong akeh, penulis nyoba gambarake laku kasampurnan manunggal kinantenan sarwo mijil. Kang saktenane kuwi apa lan kepriye njalani kang becik lan bener. uga murni tanpa kacampur aduk karo laku utawa ilmu liyane, amarga saka kepentingane menungsane dhewe-dhewe.
Tumrap kang rumangsa ora cocok karo tulisan iki, mestine aja dieling-eling meneh lan dianggep wae ora tau maca buku iki, tumrap kang cocok mangga menawa dienggo.
Penulis ora kabotan menawa buku iki difotokopi ning aja disalin. Wedine menawa salah sing nyalin njerone isi tembung-tembung kang sak temene gaib. nek sak tembung wae diowahi, bisa muspro, ora migunani blas.
Penulis wani gawe buku iki, amarga ajaran (paringan wulan lan wuruk) Romo Herucoko Semono inim wis resmi dipaparake ing ngarep kabeh instansi tingkat pusat pamarintah RI. Para cendekiawan saka warna-warni universitas, para tokoh, wakil agama-agama. lan wis enthuk piagam. Tegese wis resmi kena dikayati lan diamalake ana ing wilayah hukum RI.
Kabeh mau ora mung kanggo para penghayat kang ing luar negeri (nganti buku iki digawe laku iki wis dikayati lan diamalake oleh maewu-ewu wong manca ing 19 negara).
Jakarta, ……………..1993
Penulis
Sadurung taun 1900, salah sawijining bojo / garwo “padhemi” (bojo resmi) dibuang kang dicaosake (dikekake) menyang salah saawijining wong kang direken gedhe lelabuhane.( jasane ).
Kuwi amarga saka akal-akalane “selir” sing banget ditresnani.
Nyoto nek ing jaman semono kuwi lumrah
garwo “priyagung” kuwi sesulih dewi Nawang Wulan, tindake diamping-ampingi dening dayang (emban), jenenge Rantamsari.
Dewi nawangwulan, dibuang / dikendangake lan dicaosake / diwenehake menyang ki Kashandikromo, kang uga kasebut Ki Kahsan kesambi, yaiku salah sawijining tokoh spiritual ing jamane kang manggon in desa Kalinongko, Gunung Damar, kcamatan loano, kabupaten purworejo, jawa tengah.
Pas kebuang, dewi Nawangwulan lagi ngandut
lair bayi kang dijenengake : Semono, ibune Dewi Nawangwulan seda, sabanjure kesusul NaRantamsari, dayange uga mati.
Loro-lorone dikubur ing puncak gunung dammar Purworejo.
Ki kasandikromo, ora pernah ngangep, opo meneh wani nindake dewi Nawangwulan bojone dhewe. Dewi Nawangwulan tetep lan dianggep dadi Ratune, semono uga bojone nyi Kasandikromo.
Semono di urip-urip lan digedhekake Ki Kashandikromo, neng sekolahan sekolah ongko loro (SD sing 5 taun kanggo pribumi). Semono kang lair ing taun 1900, dinone Jumat paing ora ana catatan resmi tanggal dan sasine lumrah kadadeyan ing wektu iki.
Semono, semangsane sekolah, pendak dina selasa kliwon lan jumat kliwon, mbolos, dudu mergo males lan nakal, nanging mergo isin.
Ing wektu tengah ari pas srengenge ing dhuwur sirah, wektu wong ora ana wayangane, semono wayange ana 12. Amarga tansah dadi tontonan konco-koncone, dadi isin. Mulane luwih becik mbolos.
Tamat SD kuwi, langsung ka angkat dadi guru Bantu.,
sawijining dina, nom-noman Semono, sing wektu kuwi umur 14 taun. Wis dianggep lan dikormati, dilenggahke koyo wong dewasa ing jaman semono, dikongkon Nyi Kashan, njupukake lenga, ing njero sentong omah gedhek. Sak nyatane, ing sentong kono, lagi turu angler sawijining wadon keponakkanne Ki Kashan, mergo banget angler sing turu, kain kang dienggo nyingkap, dadi awake katon kebukak.
Pemuda (nom-noman) semono, nonton kuwi, “mengkorok” (mrinding) (ngadek wulu-wulu awake). Semono ngrenungake, nakokake apa ta sak tenane sing marakake wulu-wulune pada obah ngadeg.
Pendak-pendak ngrenungake ora entuk jawaban. Sabanjure Semono mutusake, njaluk ijin marang Ki kashan lungo tapa.
Semono kang umure lagi 14 taun kuwi mau, tapa ana pinggirin laut kidul, cilacap. Bekase (petilasane) isih ana nganti tekan buku iki katulis.
Arupa loro dangkelan pring, ing njero komplek pertamina. Pertamina, sanajan wis usaha kepriya carane, ora bisa mbongkar rong dangkel pring kasebut, semono tapa 3taun (1914-1917). Oleh-olehane, “cangkok wijaya kusuma”. Bentuke koyo kembang kering, warna coklat semu ireng, menawa kalebakna ing banyu, bakal ngembang sak gedhe wadhahe.
Semono kuciwo, amarga dudu kuwi sing digoleki. Piyambake entuk “wangsit” (Ilham), kanggo nerusake laku nganti tumekane tahun kembar5, lan ing wetan mengko bakal ketemu apa kang digoleki.
Klambi kang dienggo semono watawis 3 taun tapa, rombeng-rombeng. Yo mung gunakake cawet godhong-godhongan. Semono mulih, mlaku bengi awan ndelik, bengi mlaku. Wedi bakal kisinan menawa temu karo menungsa.
Tekane ngomah, ora digedhe-gedheke, nanging malah wis disiapake “luweng” banjurnom-noman semono dening Ki Kashan, dipendem, nganti 40 dina 40 wengi. Mung diwenehi glagah kanggo dalan howo. Lan pendak rampung sing ngliwet, nyi Kashan ngepulake asep liwetan (sega panas) menyang njero bolongan glagah. Sak banjure Semono karo dadi marsose (saiki marinir) lelana, tetap nindakake laku. Nek awan dines, bengine kungkum ing laut, njala ora tau entuk iwak, kuwi dilakoni nganti tahun 1955.
Tanggal 13 malem 14 Nopember 1955, kepeneran tiba dina malem senen pahing jam 18.05, akeh wong ing perak Surabaya, kaget, nyekseni omahe Letnan. KKO (Saiki letnan I marinir) kobong, nanging sawise dicedhaki jebulane dudu geni, ananging cahya, malah ana kereta keemasan (kereta kencana) ing langit kang mudhun mlebu ana ing omahe Letnan Semono. Ing dalan (Jalan perak barat no 93 surabayaa). Kedadeyan kaya ngono iku banget misuwur “banget kondhang” kang kasebut : mijile Herucokro semono. Ngendikane saka panjenengan nalika mijil menawa :” ingsun mijil, arso nyungsang bawono balik, arso nggelar jagad anyar “ Ingsun ( dudu aku )mijil arep malik muterke jagad (tegese : jagad cilik pribadi menungsa, micro cosmos) lan arep nggelarake jagad anyar (micro cosmos anyar).
T egese nek nganti tekan jaman saiki, kita tansah ndadeke budhak Uripe dhewe, sabanjur diwalik, kita menungsane dadi abdine sang urip ( Urip dadi Bos dudu budhak )..
Sak wise kuwi, Romo semono menehi sapa wae kang kepengin (ora ana peksa-peksanan, ora meden-medeni kanti cara lan dalan apa wae), sing kepengin urip bagya (tentrem), kareben bisa teka “kasampurnan jati” (mokhsa) ing tembe mburi nek wis titi wancine.
Apa kang piyanebake wenehake, arep bisa dibacutake ing bab-bab ngisor iki.
Romo Semono, sabanjure menehi laku kasampurnan iki, sawise dines. Suwene nganti tahun 1960, piyambake nindakake wektu pension dadi Kapten Marinir.
Piyambake terus mulih menyang Purworejo lan manggon ing Kalinongko lan ejiruan, loano purworejo (loro omah panggonan).
Pendek dinane, piyambake nampa tamu rata-rata 500 luwih, kabeh menungsa, ngucapake mangan, diwenehi mangan lan nginep, bebas gaul panggonan turu kanggo turu, ing omahe panjenengan.
Lan wis mesti wae pirang-pirang menungsa kang teka beda-beda keperluan. Saka njaluk pangusadan pangukir sing dening dokter wis ora sanggup ngarsadani, kanti sak naliko mari, njaluk restu kanggo apa kang dikarepake, lan liya-liyane. Ananging ora sithik sing kepengin ben bisa melu “laku kasampurnan jati” (kasebut : njaluk didadekno dadi putro).
Podo teka kabeh saka saindering jagad, pirang pirang jalaran kang nuli dadi Putro.
Tumekane 25 taun luwih (13 malem 14 nopember 1955 nganti 3 maret 1981), Romo Semono nemuni tamu esok, awan, sore, bengi, tengah wengi, sapa wae kang pada teka.
Kabeh kang teka, ditampa 100% pada. piyambake ora tau ndelok menungsa saka beda-beda apa wae, derajad, pangkat, kasugihan, status/derajat social, suku, bangsa, kabeh ditampa 100% pada.
Menawa panjenengan lagi maringi petuah, “wulang wuruk”-kabeh wong Jerman krungu panjenengane nganggo basa Jerman, sing wong Inggris krungu piyambake basa Inggris, lan sing penulis krungu panjenengane basa jawa.
Romo Semono, sak mben dinone, mangan ping pindo. Tapi mben mangan, mung sak sendok. Turune, nganti ora tau. Nganti ora tau adus ning awake ora mambu, uga ora ana daki( rereged ) ning kulite.. Awake tetep sehat, gagah, dhuwur gede.
Bab bab sing nganeh anehi utawa mu’jijat sing diduduhake, nek ditulis kabeh, dadi sak buku utuh.
ono contone, misale ing tahun 1960, deweke numpak pit motor militer, ning Laut Jawa, nyebrang ning Madura. Nek numpak mobil, tangan lan sikile diculke, lan mobile dikomando karo omongane. Akeh wong sing ndelok deweke isoh nangekake wong kang wis dinyatake mati karo dokter lan wis siap dikubur. Deweke kerep ana ning pirang-pirang nggon ing wayah kang podo lan ing pendhak nggon deweke mangan lan ngombe koyo biasane.
Pendhak deweke ana ning ngarep atusan wong, deweke crita. Lan sak wise crita, kabeh pitakonan lan persoalan sing ana ning pikirane, wis kejawab kabeh.
Muga-muga, suk liya wektu, penulis iso ngumpulake pengalaman-pengalaman para “kadhang”, sing ora logis, ning bener kadaden, lan mu’jijat Romo Herucoko Semono sing pernah diseksike, lan biso didadekake buku dewe.
Romo Semono mati ing 3 Maret 1981, lan dimakamke ning Kalinongko, Loano, Purworejo. Romo Semono ora nduwe anak, ning ninggalake atusan , jutaan Putro, sing nyebar ning ngendi-ngendi. Lan warisan deweke sing paling gedhe regane yaiku sarana-sarana gaib kanggo sopo wae sing kepengin urip tentrem, supoyo bisa oleh “Kasampurnan Jati” ing wayahe dhewe dhewe..
Tinggalane sing terakhir, sing nganti saiki dhipepetri lan dilestariake karo putro-putrone. Dilestarikake maksude tetep diamalke lan ditularake karo sopo wae sing gelem ora mandang apa wae sing ana ning manungsa. Dadi sifate luas. ( universal ).
MANUNGSA
Manungsa, kaya sing dingerteni, Raga lan nyawa ( nyawa, Rokh, spirit, geest).
Raga manungsa, digawe saka unsur-unsur :
1.Lemah/ tanah(zat-zat kimia organik lan anorganik)
2Banyu (kira-kira 70% tubuh manungsa digawe saka banyu)
3.Hawa (gas)
4.Geni (energy utawa kalori)
Unsur-unsur kuwi, digawe saka proses bio-kimia, pada, Bapak dadi sperma lan ibu dadi sel telur. Pertemuan sel telur lan sperma kui, mbentuk raga. Nek penyatuan sel mani lan sel telur iku dileboke urip, lagi arep ngembang dadi mudigah (embriyo), dadi bayi, sing akhire lahir ning dunya.
Manungsa kuwi, ragane ana perangan pitung( 7 ) lapis yaiku :
1. Rambut
2. Kulit
3. Daging
4. Otot
5. Balung
6. Sungsum
7. Getih (kabeh sing sifate cairan)
Pitung lapis iki, sing ana ing babakan ketuhanan, asring kasebut kanthi pirang-pirang sebutan sing sifat kiyasan (symbol).
Urip, sing asale saka Gusti ingkang Maha Tunggal kasebut roh suci amarga asale saka Maha Suci. Sak banjure dadi siji karo raga kasebut urip, amarga wis ora suci meneh.
Raga, apa wae, kang diawali saka proses pembuahan, wis ora suci meneh. Amarga loro-lorone wong tuwane, sepiro gedhene kesadarane sing bakal nerusake gunane keturunan, ora bakal iso, menawa ora dibarengi karo nepsu. Iki kang ndadikae raga, saka awal wis ora suci. .Kahanan sing wis ora suci, sing bakal ngregeti roh suci (holispirit).
Sak banjure, bayi kang lagi wae lair wis ora suci.
Bayi kang nembe wae lair mau nek lue, nangis, ben dikei susu (mangan) dening ibune utawa wong liya.
Sopo sing ngajari bayi kuwi?.
Bayi kui diwulang dening guru sejatine yaiku urip.
Ora ana sawijining ibu, sing ngandaake marang bayine ben nek lue, nangis.
Tangisane bayi iku basane urip. Sak banjure, ora iso dibedakake tangise bayi Jowo, Sunda, Batak, Amerika, Inggris, kabeh podho. Uga olah gerak ing bayi yaiku olah gerak ing urip, sak banjure kabeh bayi kui mau pada wae obahe.
Diawali, otak bayi diisi. lawang mlebune saka panca indra kang gumantung saka isen-isene sing ditampa. Mula bakal kaya apa mengkone bayi kuwi dadine menungsa. Bocah cilik, nganti tumekaning dewasa. Sing ngleboni bisa kang sengaja dilebokake kang asifat wulang lan wuruk. Bisa uga tanpa disengaja yaiku apa wae kang ditangkep dening panca indra saka lingkungane.
Sing mlebu mau, antarane bab standar norma lan budi pekerti, bener luput, oleh utara ora oleh, lan sapanunggalane. Uga norma lan paugeran-paugeran moral lan tata karma. Uga bab keyakinan ketuhanan.
Kabeh kang mlebu mau, karep cementel ana ing otak manungsa sak banjure dadi patokane manungsa utawa dadi paugeran manungsa sing bakal tumindak. Sing kanggo ngukur kabeh kang dilakokake, kang dialami, uga kanggo standar, kanggo ngukur tumindake wong liya. Sabab kang mlebu ana ing nggon otak beda-beda. Mula manungsa uga beda-beda ing ngukur becik ala, bener-luput, lan sapanunggale.
Iki kang tansah ndadekake menungsa pada rebut bener, pada rebut becik lan bener. Becik lan benering dewe-dewe dinggo pathokan kanthi teguh lan kanggo nyalahake standar kang digunakake dening wong liya.
Menawa kita bali dadi bayi, kita nyadari, menawa tangisane kabeh bayi kui pada, obah bayi kui uga padha, amarga tangise bayi kui suara urip, obah iing bayi kui obah ing urip. Nuli sak banjure sak yektine mwnungsa iku pada. Beda amarga saka isen-isene otak sing ditampa, beda.
Urip iku pada, kang asalae saka siji yaiku Gusti (tuhan). Sing beda ragane, amarga raga saka lemah, banyu, hawa, lan geni kang beda-beda. Saka bapak lan ibu uga beda-beda. Dadi, menawa menungsa mau nganggo ukuran utawa standar urip mesthine bakal padha ing bab patokan samubarang bab.
Raga kang asifat materiil ateges, ora kekal. Ing mengko mesthine lebur lan dadi kaya meneh lemah, banyu, hawa, lan geni.
.Urip kang asifat imateriil urip kang sifate kekal sifae saka sing maha kekal. Yaiku saka gusti (tuhan). Ateges (seyogyanya / becike) nek pisah saka ragane kudune langsung bali menyang gustine (tuhan). Ora ngumbara ora lelana ora nglambrang yutan taun. Ing pangerten iki, otak sing ana gandeng cenenge karo gaweane (psikis, jiwa uga kagolong perangan raga). Amarga, isih nggunakake gunaning organ awak kang asifat materiil. Dadi akal pikiran, logika rasio, uga nglibatake emosi uga kagolong perangan raga..
Urip, kuasane obah, manggone ana ing rasa. Kamongko, nek kabeh makhluk kang urip, nek di uncati uripe, sak banjure kabeh obahe, lan kelangan rasane (nek ing tanaman, obahh ing akar lan obah ing tanemane kang mandeg). “urip iku kuasane obah, lenggahe ana ing rasa jati”. Menungsa, sak banjure uga bisa nampa kang iso mlebu ning otake yaiku bab pendidikan lan pengalaman.
Kang mlebu iki kang ndukung manungsa dadi nduweni rencana. Nduweni kakarepan lan ngupaya piye carane entuk apa kang dikarepake. Kekarepan menungsa tansah cocok karo masukan utawa isen-isen kang wis tau ditampa.
Wong kang sak jek uripe during tau ndelok, durung tau ngrungokake bab mobil mesthi wae ora kepingin nduwe mobil. Obah budidayane uga ora bakal nuntun kanggo bisa nduweni mobil.
kabeh menungsa, lakune urip pada. Dilahirke, digedekke, njalani penguripane lan uripe, meh kabeh kawin lan ngasilake keturunan sak banjure mbaleni apa kang ditindakake wong tuwane tumrap awake dewe marang anak-anake. Sak banjure dadi tuwa lan mati.
Ora bakal ono wong kang kang, dhuwur banget pangkate, gedhe kuasane, banget kesugihane, ora esoh ngelak utawa ngindari saka dalane kang mengkono kuwi.
Nek ana kang beda, kui yo mung awjud “kembangane wae (variasine wae)”. Pada-pad mangan kanggo pertahannane urip. Nanging sing siji ning hotel sing bintang lima sijine menyang kaki lima. Pada-pada nganggo pakaian kanggo nutupi awak, sing siji nganggo sing nduwe merek kang msyur, liyane tanpa merek babar pisan. Pada-pada butuh obah, saka tempat siji menyang daerah liyane sing siji numpak mobil sing sijine numpak pit.
Lelakon kui nuju marang gegayuhan sing pada yaiku kuburan (sing langsung utawa nganggo dibakar dhisik).
Pendak dinane, kabeh wong, mlaku pendak-pendak langkah, nyedaki kuburan. Bedane ana kang mlakune cepet, ana kang alon, kuwi niate mlakune raga. Raga, ngertine yo mung mlaku menyang kuburan.
Mlakune urip dening menungsa sing kerep pada dilaleke.
Urip kang tansah nuruti karepe raga, bakal kagawa tujuan kang luput. Urip mung dikongkon, didadekne pembantu (budak), (abdi), sing kudu nurut digawa menyang ngendi wae karepe raga.
ing sak temene, tanpa urip, raga ora bisa ngapa-ngapa
sak mestine, sing bener yo mung urip kang didadeke patokan tujuan lan tumindake, banjur raga mung tansah nuruti. Dadi, uripora salah tujuan, nuju bali menyang asale, yaiku Gusti kang Maha Tunggal.
Lupute kanga rep dituju “laku” (perjalanan) amarga urip dipeksa nuruti karepe raga, ndadekake raga urip ora bisa langsung manunggal karo gustine (Tuhan).
Menungsa kang njalani urip lan panguripan ora jumbuh karo siing dikarepake gustine marang dhewekw. “mlaku” (zig-zag) ngula, mlenceng banget pepenginan lan karepe kuat kanggo apa kang dianggep becik lan bener. Ndadekake budidaya sing kaluwihan, banjure ngorbanake kabagian awake dhewe, kabagian kaluwargane, kanggo tujuan kang dadi pepenginan gede dheweke. Ora sithik, jalaran saka keladhuk mlaku menyang sawijine arah, sabanjure isin (gengsi) menawa kudu mundur, utawa menggah dalem. Apa wae kang dibudidaya, kanggo ngurip-urip ngangkat drajating diri pribadi sing ora pas manggone, gunakake apa wae kabeh dikorbanake. Isih untung menawa sak kagayuh, menawa kerep ora kasil, mulane kkuciwo lan kuciwo lubsk-lubukaneing tembe bakal muwruhke stress (seseking batin), naliku budidaya, bakal ngadepi pacokan-pacokan kang ngencengake urat syaraf (sbrain).
Ana perangan menungsa, kang dianggep modern, ngandakake menowo pecahan kang ngencengake urat syaraf mau (brain) lan stress(pecakan kang marake ati deg-degan) dadi bagian unine urip. Dadi urip kuwi ora mung kuwi thok (monoton), ananging ana sithike kang nglalekake yen menawa raga ora bates kekuatane.
Sak banjure ana wae mala kang timbul amarga sak tingkah polahe. Luwih meneh nganti ana edan (kelainan jiwa), sing tansah nempel ana perangan gedhe menungsa kang nyebut dhewekke modern.
Menawa kepengin ngrasakake kabagian sajati, turuti karepe urip, sebab yo mung urip kang ngerti apa kang paling becik tumrap dheweke pribadi.
Kanggone maha Urip, yaiku gusti kang moho tunggal, kepriye carane ben menungsa bisa kenal (wanuh) lan ngurip-urip “urip” kang ana ing diri pribadine? Kabeh kuwi mau kang asring ora tau dingerteni dening menungsa.
Wanuh, sabanjure luwih wanuh (ngurip-urip) mengenal urip kang ana ing njero awake kita sabanjure bisa komunikasi, sesambungan karo urip kita dhewe, terus bisa nampa tumbuhan saka urip bakal diagoni dening urip kuwi mau kang diudarake ki bab-bab ngisor iki.
Lan lagi bisa migunani, menawa kita pengin lan nduweni tekad gelem dadi menungsa anyar, menungsa kang di kalairake meneh. Dadi menungsa spiritual, yaiku urip kang ageman pakaian daging, balung & syaraf, lan dudu meneh dadi menungsa materiil, yaiku daging, balung lan syaraf kang diuripi “spiritual being “, with flesh, bone, and nerves, not only as “ a living fles, bone and nerves”
Menawa kuwi mau kang dadi pepenginan, tujuan / gegayuhan utama menungsa, sabanjure bab ing ngisor iki dadi migunani.
Mengenali (wanuh) “marang urip” urip iku gaib, sabanjure ora bisa diwenehi dening parabot kang ono ing awak kita, kang asifat ragawi(materiil), dadi ora bisa katangkep dening panca indera kita, maujude (eksistensine). Wis dijembrengake ana ngarep, menawa urrip iku masane gerak, lungguhe ana ing rasa, dadi bisa dirasake.
Kang dikarepake roso ing buku iki, dudu rasa kang saka panca indera, sense, nanging rasa kang tuwuh saka jero kita feeling.
Kita kabeh rumangsa, dadi wong urip lan mesti ngakoni, menawa ditinggalake urip kita bakal mati. Nek kita mati, kabeh kang ana ing diri kita, kepinteran pengakuan kaluhuran, derajat-pangkat, semat, kalenggahing masyarakat, kabeh mau ora guna, kabeh mau ora migunani kanggone awake dhewe.
Samangsa isih urip, awake dhewe bisa koyo mengkene amarga kita isih ana urip (isih kalenggahan urip). Penulis bisa nulis buku iki, amarga ana urip kang ana ing jero awak. Sing maca bisa maca iku amarga urip kang ana ing jero awake sing maca.
Sak banjure, ayo kita ngakoni menawa anane urip iku, lan kanthi jujur kita ngakoni menawa penting banget dayane sang urip kang ana ing awake dhewe.
Ayo kita mandeg ndadekake urip dadi laden / budhakake, lan kita ganti dadeke awak kita abdine urip (tansah ngladeni urip).
Sapa kang kudu nglakoni anane urip lan gunane urip iku? Kita pribadi dhewe-dhewe. Sapa ta awake dhewe? Pitung lapis raga lan kabeh sing dayani.
Ayo, 7 palis raga kita, tak jak ngakoni wujud lan dayane urip ana ing diri kita kabeh. Pitung lapis kita tunduk lan dadi abdine urip.
Supayane ing pendak pendak, raga kita kuwi, kasalametake saka bab lan kelakuan kang ing tembe buri bisa ndadekake kita ora kabagian lan ora bisa langsung bali menyang asal kita. Amarga urip kita iku gaib, sabanjure kanggo ngenalake nganggo sarana kang sifat gaib uga. Sakabehe ana 5 gaib , kang di tampa dening Romo heru cakara semono saka lakune kang 41 tahun (1914- 1955 ).mula kajenengake Panca Gaib.
Sarana gaib 1, kasebut Kunci
Iki gunane , kanggo menehi bukti marang diri kita pribadi pribadi,menawa satemene urip iku ana ing njero diri kita.
Kang dikarepake bukti, yaiku diri kita pribadi pribadi,, kanti nggunakake “kunci” kuwi, ora mung percaya menawa ing njeroi badan kita ana urip, nanging bisa mbuktekake lan ngrasakake dhewe.
Lan yen :”kunci “iku di khayati temen temenanan, diri kita bakal oleh bukti dhewe dhewe ,ora mung bab wujuding urip , nanging uga di wenehi ngerti gaweyan lan kuasa ne urip iku,, gegandengan karo masalah masalah urip lan penguripan kita pendhak dinane.
Njaluk digatekna:
Aja nganti kesusu,. Ditimbang timbang, direnungake dhisik sing jlimet.apa ta kita kepingin bisa urip bagia kang sejati ( tentrem ),sabanjure kita bisa ketemu marang kasampurnan jati?menawa kita ora percaya,kabeh mau yo mung saka Gusti kang nemtoake, lan kang paling becik iku yo mung kang jumbuh karo kekarepane Gusti, sabanjure oleh nerusake. Nek durung percaya, dudu amargo ora oleh, ananging mburine mesti bakal ka arep ditingalake maneh., kekarepan lan dalane urip, sing saktemene dadi karep lan dalan kang di karepake Gusti tumrap diri kita.
:”KUNCI “
Ing jeroning m\nglakoni laku sakjring 41 tahun, Ro o semono ngenteke wektu 25 tahun yo mung kanggo njanggkepke “kunci” thok. Pendak wayah dheweke mung enthuk sak uruf... Pirang pirang wayah meneh mung enthuk sak uruf meneh, dadi 25 tahun lagi uruf uruf mau lengkap, dadi “kunci”.
Dadi, : kunci “ dudu saka pikirane Romo semono. Mulane nek sak tembung wae owah,wis dudu “ kunci “ urip meneh lan uga ora mumpangati. Dadine, nganti tumekane saiki, kabeh kang ngayati laku kasampurnan iki,apa wae sukune, bangsa , lan basane, ing jroninggunakake panca gaib, antarane “ kunci “, kudu pas iora kena diowai. Nglegena.
Ora perlu lan ora ana gunane , tembung tembung” kunci” diartekake. Bab iki malah marakakeangel lan nyeret nyereti anggone kita khayati. Apa meneh nek di salin apa tegese..
“ kunci “kuwi wujude tembung tembung., amarga room semono sing nampa,di wajibake nerusake marang kabeh menungsa, kang njaluk.
Saktenane “kunci “ kuwi gaib, menawa tanpa nganggo tembung tembung awake dhewe ora isoh nampa.
Ora usah dipikirake apa ta tegese tembung tembunge.
Romo herucokro Semono dhewe tau negesake:” Upama kunci iku dhudu unine,dhudu unen unene, nanging kang mahanani uni “( kunci itu bukan bunyinya, bukan kata katanya, tetapi yang menyebabkan adanya bunyi).k
Kebeneran Romo Herucokro Semono tau ngandhakake:
“ Upomo kunci iku kudhu kaparingake marang wedus, mbokmenawa unine embek” .
Tembung tembung “ kunci “:
Gusti ingkang moho suci,
Kulo nyuwun pangapuro dumateng gusti ingkang moho suci;
Sirolah, dhatolah, sipatolah;
Kulo sejatine satriyo/ wanito,
Nyuwun wicaksana, nyuwun panguwoso,
Kangge tumindhake satriyo/wanito sejati;
Kulo nyuwun, kangge anyirnakake tumindhak ingkang kluput.
Catetan: Ben ora ana salah paham:
Tembung tembung sirolah ,dhatolah, sipatolah, olah –e saka tembung olah- olah, olah rogo, lan sapanunggalane kang tegese” olah “ utawa obah.
“anyirnakake tumindhakingkang luput”, tegese ‘lupute dhewe’,salah marang awake dhewe.
Ana kang nggunakake:
“hanyirnakake”
Enthuk wae, mangga di coba,pilih endi sing dirasakake luwih cocok/pas, kanggo awake dhewe dhewe.
Sing liyane, sak suku tembung wae, ora kena diowahi.
Apa meneh wong wong monco (sabrang),pangucapanne kudhu bener.
Ora keno ing kene,tegese nek diowahi, ora miginani blas, amargo dudu “kunci “ meneh.
Tembung “ satriyo” dikanggokke dening prio lan “ wanito” dikanggoke dening wanito.
Nggunakake”kunci “
Kerep digunakake paraban” salah kaprah “,maca kunci. Tegese dudu maca
kang leterlek(lumrah ).
1.diapalake dhisik.,tembung tembunge,nganti apal banget lan uga bener pangucapanne.
2.nek wis apal,tindakna koyo mengkene:
a.lungguh sak sing kepenak, ngantikabeh otot lemes, los, napase sing teratur, lan wis ora mikir napas meneh..
b.niat kanggo nggunakake “kunci”.
c.mata loto kabeh merem pipet..
d.nunggu nganti loro lengen lan tangan podo obah dhewe, patrap kunci. – tontonen ing gambar 1.
e.kandakna ing Rasa, tembung “ kunci”.
Kapan nggunakake “kunci”
“ tangi turu gregah kunci, arep turu kunci, ana apa apa kunci, ora ana apa apa kunci”;
Dadi sing wajib ditindakake yaiku naliko tangi turu, sadurunge nindakake apa wae kunci, lan pendak arep turu, kunci.
Tangi turu kunci, tegese, karepe ben sak wayah wayah, awake kawengku dening urip, diayomi dening urip, tegese karepe kita diadohna saka tumindhak luput, uga kelakuan kang luput ing awak kita., kaslametake dening urip..
Conto:
Ing sak jroning momong kadhang kadhange kang wektune nganti mataun [taun. Nek nganti ana kadhang kang kecopetan, mesti mergane lali kunci. Dhurung tau penulis ngalami, nek ana kadhang sing sing ora lali kunci, kecopetan ing dalan..
Arep turu kunci, tegese, ben ing sakjroning turu kita, raga new is ora eling apa apa lan wis ora bisa a papa, urip tansah njaga.
Conto;
Akeh kadhang kang ngalami, menawa ana samubarang, ,mbok lagi turu pules, krasa kaya ana sing nggugah, sak banjure jebulane, tangi turune kuwi mau ana sing gunane. Ana apa apa kunci, ora ana apa apa kunci.
Ana ngendi wae awak kita manggon, ing kedadeyan apa wae, tinimbang nglamun, utawa mikir sing ora ora, luwih becik kagunakna kanggo “ maca” kunci ing jero rasa…mesti wae,ora perlu “ patrap kunci “, yaiku patrap nyembah koyo ing gambar 1. patarape manut keadaan lan wayah kita ing wektu kuwi.
Gambar patrap kunci. ( 1 ).
Pengalaman.
Akeh banget kadhang kangngalami, sing ora tau lali kunci, urip kang nylametake dheweke saka kasangsaran, kacilakan, musibah, utawa kadaden kang oran nyenengake. Ngerti.ne sawise kadaden.
Enthuk “ kunci”
Wis kita ngerteni kabeh, tembung tembung “kunci”, sakamaca tulisan ngarep.
Nek nggunakake “kunci” saka ngapalake tulisan iki, bisa, ananging
Ben bisa bener bener ngrasakake dayane “kunci”lan mbuktekaketandang gawene urip, amarga nggunakak “kunci ”, lsaktemene , luwih becik, “njaluka kunci ” kuwi menyang salah sawijining wong kang wis ngayati laku kasampurnan.
Nuli, sing menehake dudu menubgsane, ananging Urip kang menehake marang Urip.. dadi saka gaib menyang gaib,kang diwenehake,” kunci ".kuwi uga gaib.
Pengkhayatane
Sawise kita nggunakake “ kunci “ , sabenere 7 lapis raga kita , dfadi menungsane, nyembah marang urip. Kita janji arep dadi abdine urip.. sembah kita marang urip , bakal diterusake menyang Urip kang nguripi alam kabeh sak isen isene.
,Gusti kang Moho Tunggal. Dadi dudu raga kang sarwo reged lan badan wadag marang sing Moho Suci.
Dadi, kita ngawali nindhakake pengkhayatan, kang bebarengan karo pengalaman bab laku, yaiku kang kasebut: Laku kasampurnan manunggal kinantenan sarwo mijil, utawa kang umum kakenal kanti Pengkhayatan Kapribaden.
Ben ora ana saling surupe, laku iki koyo mengkene:
Bisa di khyati lan di amalake utawa “dilakoni” dening anak kang umur isih 3 tahun. Asal wis bisa ngapalake “ kunci”, wis bisa ngayati lan ngamalake laku iki.
Luwih luwih sarana gaib iki, wis bisa kawenehake marang bayi kang lgi lair. Pengkhayatan iki, ora ngenal bab kudu “ tirakat “, “melekan “ ,”pasa ngebleng . “ “kungkum” . meditasi lan sapanunggalane.
Inti pengkhayatane yaiku:.
Tansah ora lali karo Urip lan tansah njaluk tuntunan urip sakdurunge nindhakake apa wae lan manut marang tuntunane Urip, sanajan kosok balen( beda ) karo karep lan pepinginane Urip.
Amarga guru sejati ne uripe dhewe, sabanjure yo guru sejatine kuwi sing paling ngerti bab dhiri pribadi kita, lan guru sejati iku kang mangerteni apa karepe Gusti marang dhiri kita, lan kenapa kok mesti kudu leksanani kabeh kuwi. Guru sejati iku kang tansah manut miturut kondisi kita, menawa kita isih umur umuran anak sekolah taman kanak kanak , nuli guru sejati kang dadi Guru Taman kanak kanak . tumrap kang wis dhewasa, guru sejati arep dadi dosen utawa maha guru.
Guru sejati , ing sakjroning menehi tuntunan kang wujude cara carane kanggo kita, kang dipadake karo nasib kang kita alami, kita lakoni lan kita adepi sarto kita leksanani dhewe dhewe..
Sabanjuri, ora ana wong 2 kang tuntunane bakal podho. Cap jari wong 2 wae saka sedulur kembar e, ora padha.
Laku kita padha, yaiku padha padha ngenut urip, nanging lakon kita beda siji lan sijine.
Tuntunan urip , diwenehake padha karo lakone dhewe dhewe, ananging intine padha. Yaiku ora nyimpang saka dalan kang di karepake Gustine mring diri kita dhewe dhewe.
Pengkhayatan iki , sithik wae ora karep wong ngakon supaya ngedohi bab bab kang sifat kadonyan. Dadi, ing jroning njalani urip lan penguripan, sakmestine malah kudhu lumrah, biasa biasa wae.
Kasenangan bab kadonyan wae uga, enthuk ka rasaake lan kanikmati. Ananging kita bakal tansah katuntun , kesenengan sing kepriye kang pas kanggo dhiri kita . dadi ,kita kaslametake saka ngrasakake kasenengan , kang tembe mburine nampa akibat marake kasusahan lan kasangsaran..
Kang kabeneran katakdirake dadi sugih, uga oleh, ananging tetep tansah katuntun, ing tembe kasugihan kang ditampa saiki, ora bakal nyilakani utawa nyengsarake ing tembe mburi. Klebu uga ora bakal nyilakani lan nyengsarake anak putu.
Duweni semat ( jabatan ), mesti wae ora langgeng, uga enthuk.. bakal katuntun ben orasalah anggone nggunakake jabatan ne iku. Sabanjure khasile bakal luwih langgeng, amarga kang cocok karo karepe Gusti.
Kang kepingin cukup uga enthuk, tegese tnsah dicukupi, kabeh kabutuhane. Dudu sing dadi pepinginane.
Kabeh mau , dudu awake dhewe kang nemtokake , nanging sawise kita nampa, kita ora bakal salah dalan, kanggone sing ana ing dhiri kita.
Kapinteran, kbisaan,kasugihan, kakuaasaa, lan liyo liyane kang ana ing dhiri kita, bakal tansah kagunakake dening Urip, kanti lantaran dhiri kita, kanggo bab bab kang di karepake Sing dhuweni kabeh mau , yo Gusti dhewe.
Urip iku podo , sejatine siji.
Mula , menawa pengkhayatan iki, di khayati lan di amalake / dilakoni
Dening peranganing kulowarga, kita bakal ngrasakake oleh olehane/ khasile. Rasa perangane kulowarga kang tansah sesambungan karo prangane kulowarga liya, sambung rasa pendak wektu, sak banjure kulowarga bakal mlebu ing sakjeroning suh kang nunggal sawiji kang santosa, selaras , kebak roso kabagian kang sejati .
menungsa, diwatesi ruang lingkup/ dimensi lan wektu. Menungsa diwatesi sepiro dayane akal pikirane.
Urip ora tepung karo sing sarwo winates winates kuwi. Urip bisa nindakake , ngatur pa wae,sing akale menungsaora tekan,lan luwih luwih miturut akale menungsa ora nyandhak,lan tambah miturut pokale menungsa tangeh bisa.
Menungsa bisa ngandhakake mukjizat, ing kadaden kadaden kanga kale ora nyandhak. Ananging tumrap urip, ora ana tembung mukjizat.
Para penghayat kapribaden uwis akeh kang mbuktekake (nyekseni) , miturut lakone dhewe dhewe,kadadeyan kang ora nalar, ananging nyoto kadadeyan. Lan kabehe mesti becik lan bener, sarto ndadekake tentrem (bagia ) si penghayat ( wong kang ngayati ).
Pasesksen paseksen mau,diwenehake dening urip, supaya menungsane,tambah suwe tambah percaya marang kuasane urip.
Sakbanjure
Kepriye?
Apa sakwise maca sing di njlentrehke ing ngarep iku, isih kepingin lan isih nduweni niat kanggo njalani laku iki, sing di arah bisa urip tentrem ( bagia ) ing dunia lan temben bisa manunggal karo sing maha suci?
Katimbang timbang dhisik kang mateng.
Ing donia iki, katawarake maewu ewu cara lan dalan kanggone menungsa kang nglakoni urip lan penguripan.
Kalebu antarane , paham kang ngandhakake , urip ing donia mung kaping pisan. Di seneng senengake lan rasakake sing sak pol pole, mboh ra weruh mengko mburine.
Laku iki , ora medhen medheni menungsa, supaya menungsa ora mengkono utawa mengkene. Uga ora ngiming ngimingi supaya menungsa nglakoni iki utawa liyane. Apa wae kang ditindhakake penghayate, kuwi mau merga karepe dhewe ( sing ateges uripe ), lan bakal dirasakake , dibuktekake dhewe dhewe , kasile. Sing tekun njalanine ( sing tansah tundhuk marang urip ), mesti wae bakal oleh bukti akeh guna kang bisa karasakake. Sewlike , yen setengah tengah, uga setengah tengah kasil kang katampa. Urip iku adil. Menungsa, sing banget kawicaksanane, ora ana sing adhil sing saktemene adil .
Kang nyimpang wae ( sing nyalahi karepe urip ) , uga ora ndadak nunggu mengko, langsung wae enthuk bukti ( akibate ), iki katompo kang ateges uga tuntunan. Yo mung kang wujud suwalike, supaya ora mbaleni meneh.
Menawa semangsa nggunakake “ kunci “, during bener benerenthuk pengalaman, bukti, menawa urip wis nuntun lan ngayomi kita, aja cepet cepet, njaluk terusane.
Sing tekun dhisik, nggunakake” kunci”, ben war urip nuduhake bukti pintere ngatur, nuntun lan ngayomi, nganti kita percaya temenanan. Menawa kabeh mau wis kedadeyan, iku kang kasebut “ sak arah “ tegese saka urip menyang kita menungsane. During bisa saka kita menungsane menyang urip, sesambungane. Dadi, isih awujud sesambungan sak arah. Urip menyang raga ( menungsane) . raga ( menungsane ) menyang urip , during bisa.
Terus kepriye?
Apa uwis mantep bakal nerusake? Uwis? Becik. Mangga terusake.
“a s m o “ – Sarana gaib II
Ing tembe kita lahir, wong tuwa kita yo mung ndelok bayi sing kalahirake iku.,sing katon ing panca indera. Dadi, sing diwenehi jeneng (asmo ), mung ragane bayi. Saktemene, bayi kang lahir kasusun raga lan urip ing jerone. Sabanjure , lumrah menawa kita kang digedhek ake sak teruse , yo mung ragane.
Menawa kepingin bisa sesambungan, sambung karo urip, sakbanjure urip iku sing sepisanan dhisik, kudu diwenehi” asmo”.
Ing perangan iki, aja di tegesi kanti nama, aran, utawa jeneng lan sapanunggalane.
“ asmo”, diwenehake, mung kanggo wong kang bener- bener wis mbuktekake dayane urip kang sarono “ kunci “ lan wis percaya beneran kang dadi kuasane urip. Sakbanjure duweni tekad kanggo bisa nurut kabeh karsane urip.
Bener? Sepisan meneh. Apa saktemene awakmu wis siap lan duweni tekad gelem njalani urip lan penguripan mu, kanti tansah nurut lan nuruti karsane urip?
Sepisan meneh, direnungkan lan ditimbang timbang sing mateng . amarga, menawa urip wis enthuk “asmo”,tegese awakmu wis gembleng kagolong dadi penghayat laku kasampurnan manunggal kinantenan sarwo mijil ( penghayat kapribaden).
Menawa awakmu ngingkari urip, awakmu bakal katagih dening uripmu dhewe. sanajan ora ana wong liyo sing mangerteni.
Ing penghayatan iki, ora ana Guru-Murid. Ora ana sing nuntun lan dituntun.
Menawa uripmu wis enthuk “asmo “,sakjroning nindhake laku, slira mu gembleng tuntas mandiri, mandireng pribadi.. Guruyaiku urip mu dhewe, sing nuntun awakmu yo uripmu dhewe. sing dadi murid yo awakmu dhewe, sing katuntun uga awakmu dhewe.
Kepriye? Siap? Ora mangu mangu meneh?
Menawa wis siap banget:
Njaluko” asmo” urip mu menyang Kadhang, kang uwis keno menehi “asmo”.
Kabeh penghayat, enthuk, menehi “ kunci” urip.ananging ora pendhak penghayat bisa ,dikeparengke, menehi “asmo” nya urip.
Oleh orane sawijining wong menehi “asmo”, katentokake, sing ngidinni enthok lan orane urip dhewe, amarga laku ne sing nglakoni.. dudu idine saka salah sawijining menungsa.
Umpamane nek nganti kapekso ake, menungsa kang menehi “ asmo”, satemene during keparengake, banjur ora ana gunane.” Asmo “ kang kawenehake iku. Sing di wenehi ora bisa nggunakake.
Perlu kawigatekna uga:
Pengkhayatan iki sifate pribadi.dadi, amarga ora anasijisijine kuwajiban kang wujud ritual, mula nek sliramu ngayati penghayatan iki, tan ana sawijine menungsa kang mangerteni, nek ora amarga kowe sing menehi ngerti.
Dadi, rasa was sumelang nek menawa sliramu bakal konangan khayati sawijining bab, kamongko ora dadi pepinginanmu, ora perlu ana, seje meneh nek awakmu dhewe bloko.
“ asmo”, diwenehake urip menyang urip.
“ Mijil “- sarana Gaib III
Sakpungkure uripmu diwenehi “asmo”, sakbanjure dening kadhang kang menehi “ asmo” utawa kadhang liyane sing ditugasi, sliramu bakal katuntun carane “mijil”.
Mijil ing kene, dudu kang ditegesi metu,. Mijil ing kene , tegese awakmu( ragane/ menungsane), bisa miji-hamijeni, nyatu , sesambungan karo uripmu.
Tembung tembung “mijil”:
1. (asmo), jenengsiro mijilo, panjenengan ingsun kagungan karso, arso……………
(iki kanggone ing bab bab kang sifate spiritual- gulung).
2.(asmo), jeneng siro mijilo, panjenengan ingsun kagungan karso, raganiro arso………..
(iki kagunakake , sakdurunge, menungsane, arep nindhakake apa wae gelar).
Conto:
1.sawijining penghayat, ing jero jalani laku, sawijining wektu di adhepake temu karo wong kang njaluk pitulungan, lara contone.sakbanjure , ing rasane dienthukake nulungi.
Mijile:
(asmo) , jenengsiro mijilo, panjenengan ingsun kagunan karso,arso “ ngusadhani ragane manungsa aran…………….keparenga waras.
Dadi, kang ngusadhani, dudu menungsane,ananging ingsun, yaiku uripe.
Kuwi mau hamung conto. Titik titik sakwise tembung arso, oleh kaisi nganggo basa apa wae. Basa ibune penghayat dhewe sing ana sangkut paute.
Conto iku, ora duweni teges , menawapenghayat iki, bakal dadi dhukun., tugase ngobati menungsa.ora babar pisan..
2..Saumpamane arep mangan , sing mangan ragane.dadi mijile: (asmo) jenengsiro mijilo, panjenengan ingsun kagungan karso, “arso mangan”
(kaseserepo kabeh sari- sarine kang dhipangan, ndhadhekake waras lan kuate raganiro”.).
Kuwi kabeh , menawa awakmu wis bisa mijil.
Mijil sing sepisannan
Kanggo kang sepisanan, sakwise urip mu diwenehi “asmo”, mijilekaya mengkene.
(asmo) jenengsiro mijilo, panjenengan ingsun kagungan karso “ arso mbekso mbeksoniro pribadi”.
( iki baku, dadi sapa wae, kanggo sing sepisanan mijil, mijile koyo iki. Klebu sapa wae tumrap wong manca/ dudu wong Indonesia).
Sikap (patrap) mijil
Menawa sakiwo tengene ora ana ganjelan, tegese lagi ijen, utawa ing kiwo tengene mung kadhange dhewe, sabanjure bisa kanti patrap sing gumatok.
Tangan tengen ana ngarep ulu ati, kabeh driji nuju menyang dhuwur, dlamakan tangan ngadep mangiwo,. Tangan kiwo didokoke ana bangkekan sisih kiwo, koyo dene wong sing malangkrik.
Patarap( sikap ) kuwi, hamung lambing, lambing ngakoni, menawa urip iku asale saka gusti, anangin raga kita asale saka Bapa lan biyung.
( deloken gambar 2 iki)
Wektu mijil kang sepisanan,yo kuwi mijil: mbekso beksoniro pribadi loro lorone lengen lan tangan utawa perangan raga liyane, obah, tut na wae.
Aja mbok rendhet rendheti (di rem),. Rasakana kang temenanan rasane menawa Mijil.
Rasa kang kaya mengkono iku kang nudhuhake menawa awkmu Mijil( urip lan raga , nyawiji kang saktemene , tansah sesambungan.).
Rasa kuwi( rasa mijil ), kudu sing permati dititeni , amarga ingf wektu lan kedadeyan kang biasa, awakmu bisa Mijil tanpa ana obah, sing anane hamung rasa mijil kuwi.
Kanggo mijil kang sepisanan,perlu katuntun dening kadhang. Salah kaprah nek dikandhakake mijilake . kamongko saktemene , urip iku mijil karepe dhewe bareng ragane.
Mula, luwih sreg nek dikandhakake, menawa kadhang sing luwih dhisik ngayati kuwi, “ Nuntun carane mijil”. Dudu mijilake.
Sak banjure, apa to gunane utawa kapan nggunakake mijile kuwi.
“ arep tumindhak apa wae, mijil”
Arep mangan, arep ngombe, arep mbuang banyu, arep adus, arep nyambut gawe, arep lunga, arep nonton bioskop, pokok e are papa wae, mijil dhisik.
Conto:
1.kowe arep dolan menyang omahe kanca. Kowe mijil dhisik.
(asmo, jenengsiro mijilo, panjenengan ingsun kagungan karso, raganiro “arep dolan menyang omahe susanto”)
Sakbanjure mok rasake bener. Apa sing mok rasakake? Menawa rasane ngandhakake “aja”, utawa mok rasakake abot, koyoto ngrendet ngrendheti abot, luwih becik mbok batalake. Menawa kowe tetep lunga, bakal ana macem macem kadadeyan kang ora kepenak kang ora kiniro kiro. Koyoto:koncomu susanto ora ana ing ngomah,utawa kowe ana alangan ing dalan, utawa ketemua yo bakal ngasilake kadadeyan kadaeyan sing ora kepenak, lan kadedeyan liyo liyane kang bisa wae kadaden..
Menawa sakwise mijil, sakbanjure sing mbok rasakake, lan rasane ngandhakake “yo “ utawa ora rumangsa ana kang ngrendhet- ngrendheti, enggal lungaa. Mengko kasile bakal nentremake kabeh pihak.
2.kowe kepingin nonton film menyang teater.
Mijil mu, saktemene sakwise karasakake, kroso koyo di rendhet- rendheti, utawa ora kepareng (enthuk ). Becikke mbok batalake rencanamu. Bisa kadadeyan, arep ana tamu, kang luwih penting tinimbang nonton film. Sebab nonton film iku, isoh seje dina.
3 .kowe arep urusan karo wong.
Kowe mujil dhisik.
Menawa rasa ngandhani “ ojo”, becike urusan karo wong iku mbok batalake. Urip luwih ngerti tinimbang sliramu.
Mbok koyo ngapa eguh pertikelmu urusan karo wong iku arep nyenengake, utawa arep nguntungake., ananging menawa urip ngandhakake “ ojo”, biasane undhuh undhuhane ing mburine sing ora apik.
Lan warna warno conto liyane kang esoh kanggo conto. Kabeh mau,bakal bisa mbok anggo dhewe, saka pengalaman lan kasunyatan sing mbok alami dhewe.
Mulane, samsaya akeh kasunyatan kang mbok alami, menawa urip iku tansah bener, kowe bakal luwih yakin, menawa tansah ngenut pitudhuh saka urip tansah becik lan bener.
Sakbanjure, apawae kang di kandhakake menungsa, luwih luwih apa wae kang dikandhakake otak lan nalar ( logika & ratio ) saka awakmu dhewe, dadine sliramu bakal luwih percaya marang apa kang dikandhakake urip.
Urip ora esoh tumindhak ala, ora bisa salah.
Sing bisa tumindhak ala lan salah menungsane.
Kulinakna, are tumindhak apa wae. Ora lali mijil dhisik.kowe bakal mbuktekake dhewe kebecikane lan kebenerane urip. Becik ing wayah iki , lan ing wayah mbesoke.
Ukuran apik – ala, becik – luput.
Sakdurunge, kita nggunakake ukuran lan patokan mati, bab apik- ala, becik- luput. Sok sok, patokan kuwi dedasar saka kesepakatan menungsa babagan apa kang dianggep becik lan ala lan apa kang dianggep bener lan luput. Kerep kita meruhi, menawa norma ( tata karma ) lan budhi pekerti ( nilai nilai luhur ) kang koyo mengkono iku,” owah gingsir” nurut owah- owahing jaman.
Sakliyane kuwi,menawa ana tumindhak kang wis ditetepake becik lan bener, nuli dianggep mesti bener ing sembarang wektu, pendhak pendhak dina, nganti tatakrama lan budhi pekerti iku diowahi.
Conto ne, nulung wong kang dianggep becik lan bener. Tanpa kudhu ngerti, apa pitulungan kita ing tembe mburi dianggo sarana tumindhak luput utawa ora. Kamaongko mbyantu wong kang nindhakake tumindhak luput, ateges uga melu tumindhak luput.
Amarga saka iku, sakwise kowe bisa mijil, patokan becik- ala, bener –luput, wis ora dadi patokan mati, anangin sing saka patokan ing urip. Ana tumindhak kang dina iki kita tindhake becik lan bener, during mesti nek tumindhak sing padha sesoke, tetep becik lan bener.
Kanti mijil dhisik , sakdurunge nindhakake samubarang, kita ora bakal salah menawa dikeparengake dening urip, mesti becik lan bner. Nek ora dikeparengake (ora di idjini ) dening urip, lan tetep kita tindhakake, mesti ala lan luput.
Ana wektune, kita kepeksa nindhakake samubarang, contone amarga dikongkon ( diprintah ) dhuwuran, kamongko kita mangerteni menawa tumindhak mau ora becik lan ora bener. Sak wise mijil wae, kita mangerteni, iku ora becik lan ora bener.
Sakjroning kadadeyan kang mengkono, mijile koyo mengkene:
(asmo), jeneg siro mijilo, panjenegan ingsun kagungan kraso, raganiro arso ” nindhakake perintah.. Tanggung jawab bali marang sing mrintah”
Tegese, tanggung jawab marang Gustine. sabanjure tanggung jawab kang sifat lahiriah ( gelar ), kita tetep tanggung jawab marang sing merintah.
Dadi, saktemene ora ana wong kang mangerteni, menawa sayektine, tanggung jawab marang Gusti (Tuhan ) wis kita pasrahake marang wong kang merintah kita.
Miturut pengalaman, menawa kadaeyan samubarang ing tembe mburine, kita “dhiayomi” dening urip. Cara, dalan lan wujude, kerepe ora mlebu nalar.
Sliramu ( awkmu, kowe ), pendhak pendhak tangi turu “ kunci “, arep turu “ kunci”, ana apa apa “ kunci”, ora ana apa apa “ kunci”. Sakbanjure sakdurunge nindhakake samubarang”mijil” luwih dhisik, lan sakwise “mijil”, sliramu tansah miturut karsane Urip (ingsun ), lan ngendhak ( ngasorke ) karsane (karepe) Aku.
Tegese, kowe wis dadi penghayat laku kasampurnan manunggal kinantenan sarwo mijil( penghayat Kapribaden ).
Kosok baline, sing mbok khayati iku, lagi mlaku ing dalan kang becik lan bener ing donya.. Yaiku dalan kang dikarepake Gusti (Tuhan ) tumrap sliramu.
Reribet (kang gawe abote laku,hambatan)
Kang dadi reribet ing jroning nindhakake kabeh mau yaiku awakmu dhewe. samsaya pinter uwonge,samsayagede uga reribete. Amarga nalare samsaya pinter anggone mbantah kanti pirang pirang alesan, lan samsaya pinter uga alesane kanggo mbenerake awake dhewe. ( aku –ne). lumrahe nek wis kebenthus ing kedadeyan kang wis enthek nalare, lagi gelem asor marang kuasane Urip. wong pinter, suwe kenthekan nalare.
Reribet liyane, menawa kowe dhuwe kuasa lan akeh dhuwit. Koyo koyo kabeh kang angel, perkara perkara, bisa mbok rampungi kanti kuasa lan dhuwit mu. Lagi gelem asor marang kuasane Urip, menawa perkara utawa keruwetan kang di adhepi , ora bisa di pungkasi dening kuasa lan dhuwit sing diduweki.
Conto kang sesambungan karo iki akeh banget
1. perkara kang diadhepi babagan bebojoan (suami /istri ), utawa anak. Kuasa sing mbok duweni bakal banget nulung kanggone maewu ewu menungsa liyo, ananging ora esoh apa apa kanggo keluargane dhewe.
2. sliramu utawa keluwargamu lagi lara.sewayah dokter / ilmu kedokteran isih bisa mbantu kanggo nambani, kowe bakal nggunakake kuasa lan dhuwitmu. Kowe banjur ngganggep kabeh bisa diberesi dening kuasa lan dhuwit. Kosok baline, menawa dokter lan ilmu kedokteran wis ora sanggup,lagi kowe mlayu njaluk tulung menyang wong tuwa, wong pinter. Dai kowe golek sing gaib.
Kamongko, tentrem iku dudu nek bisa mrantasi samubarang perkara /persoalan kang gonta ganti, ananging njalani urip lan penguripan kang tanpa perkara / persoalan ( sithik wae persoalane ).” Tentrem iku yen ora ono opo opo”.
Wong kang tentrem , ora kebengeten sing kena munggah mudhune ombak bungah susah, mongkok- kuciwo, ananging ora ana apa apa, tansah kalimputhi rasa kabagyan.
Sak kabehe dhewekke tindhakake kanthi temenanan, ananging sepiro kasile kapsrahake marang Gusti ingkang moho tunggal kang nemtokake. Wis cetho menawa mungsuh kang paling abot ( utama) ing jero laku iki, yaiku AKU.
“Aku” sing asale saka “ gawan bayi “ sing isine:
1. kesombongan ( arrogancy)
2. Egoisme lan egosentrisme ( mentingake butuhe dhewe lan mandhang sakabehe mung saka sudut pandange dhewe )
3. nafsu (lust )
4. Angkara (kesrakahan)
5. Kemalasan ( lazyness)
6. ketidak acuhan ( ignorancy )/ tan gelem wanuh karo liyan.
Sipat-sipat “Aku “ kuwi tansah kosok balikan karo sipat[ sipat urip ( ingsun ), mula, yen kepingin bisa lancer jalani laku iki, kudu bisa ngalahake “aku “ing awake kita dhewe dhewe.
Ngalahake “Aku “ ( ngasorake Aku )
“Aku” kuwi tambah kuat, amarga saka asli gawan kita dhewe dhewe naliko lair, say mundhak gedhe, disengaja utawa ora saktemene yo mung “ aku “ ne sing di gedhek gedheke.
Soyo tambah umur kita, soyo tambah gedhe uga “aku “ kita, yen ing wektu iki kita ora bisa mbudi daya sing temen temenanan .
Kita wis dong( weruh ), menawa wong tuwa samsayo angel nggone ngerteni lan soyo susah nek diajak bebarengan ( kompromi), yen wis mengkenegeleme yo sing koyo mengkene, lan sakteruse. Kabeh mau jalaran “aku “ ne wis kebablasen nancep kokoh kuat , urat – ngakar(ngoyot).
Mula ora bakal cukup menawa arep ngalahake “aku “ mung modal tekad, mergane sing duweni tekad uga “aku”.
Ngalahake “aku” yo mung kanti laku, lan isih kudu dibantu cara , kang saranane gaib.
Laku pangumbahing rogo
Laku pangumbahing raga iki, hakekate yoiku ngupaya ngasorake “aku “ngresiki raga dudu kanti adus ping 10 sedina, ananging kanti laku:
1.Sabar
2 Narimo
3.Ngalah
4.Tresno welas lan asih marang opo lan sopo wae.
5. Ikhlas.
Pemjabaranne:
Ad.1. Sabar.
Sabar , ora mung nek ora nesu.
Meksa samubarang sing during wayahe , uga kalebu ora sabar.
Conto sabar sing becik yaiku sawijining ibu kang lagi ngandhut. Kanti kebak rasa tersna welas asih, dhewekke njjaga kandutane nganti cukup wulane. Ora ana ora duwe pepinginan anake lair sakdurunge wayahe.
Sabar , kudu bener bener tembus kroso sak jero jerone, sikap sing sok sabar, kamongko ing jero atine nesu ngombro ombro, kuwi ora bener ing njalani laku iki. Iki kang di jenengake laku sok suci “ laku semuci –suci “,contone merga umur, utawa banjur awake dituakake , lan nek nesu digawe mesem. Iku becik menawa dadi diplomat, amarga ora bakal bener ing jero njalani laku iki..
Wong sabar, sakabahe duwe patokan, step by step, slow but sure, alon alon waton kelakon ( kanti becik lan bener ).
Memala koyo to: hypertensi,( tekanan darah tinggi/bloodruk, neurosis ( gangguan keseimbangan emosi ), insomnia/ ora bisa turu, lan sapanunggalane bakal di adohna.
Ad.2. Narimo
Tembung narimo, kere ditegesi kleru ( diklerokke ).
Narimo kang sayekti yaiku sipat menungsa kang ing ngadepi perkara apa wae, tansah mbudi daya sak kuate, nanging tetep tansah nyadari lan tansah siap yen gustine wae kang nemtokake ( man purposes, god disposes ).
Kuciwo kang ora ana enthek entheke sing marakake daikna stress, ora bakal ngenani ( “ ora kena “ ) utawa klewatan tumrap wong kang wis bisa “nrimo.”
Ad.3.Ngalah.
Sayektine wong kang menang yo iku wong kang bisa ngalah..ngalah sayektine ,menawa kita nganti bisa ngrasakake seneng utawa bagyo.
Conto: sawijining bapak kang duwe anak umur 4 tahun. Sawise ndelok tinju ing televisi , banjur ngajak bapakke tinju ( antem anteman ) ing paturon ( tempat turu / tidur ). Bapakke ethok ethok knock out. Anakke seneng, lan duwe lagak koyo jagowan ( juara ), mesti wae , bapakke sing ngalah iku rumangsa seneng lan bagyo.
Kerep kita nemoni, ngadepi sawijining wong kang ngotot pengen menang, amarga amarga pangertene lan pengalamane kang isih cethek. Kita ngalah amarga nganggep ngadepi bocah cilik. Menawa saktemene kita tresna karo wong iku, kita malah rumongsa seneng ndelok dheweke mongkok atine.
Ad.4 Tresno welas asih marang opo lan sopo wae.
Kita tansah budhidaya tersna lan welas asih marang marang opo wae kang ono, lan sopo wae kang di adhepi. Nresnani o[po wae, tegese nresnani barang , nresnani pagaweyan, nresnani khewan lan tanem taneman.
Nresnani sopo wae, yaiku nresnani menungsa podho podho ( sesama ), tanpa pilih pilih. Ngadepi sopo wae , kita landesi rasa tresno.
Gegambaran ing babagan iki
Romo heru cokro semono, sawijining dina ditakoni “ menawa lakune putra kaumpamaake bocah sekolah, opo tandhane nek sekolahe wis dhuwur ? panjenenganne ngendhiko::” tandhane lakune putro lakune wis adoh,ojo meneh menungsa, khewan lan tetaneman wae, kabeh tresno marang sliramu, amarga sliramu tansah nandur tresno welas asih.”( “ tandane putro lakune wis adoh, lamun ojo maneh kang asipat jalmo manungso, kewan tetuwuhan pisan podo tresno marang jeneng siro, amargo siro tansah nadhur katresnan. “ ).
Ad. 5. Ikhlas.
Umume, wong kang ngandhakake ikhlas , menawa wis klewat kelangan utawa menehi samubarang. Ing laku iki, kang ateges laku ikhlas yoiku:
Ing pendhak wektu, sadar sing temen temenan, menawa kabeh kang ana ing dhiri pribadi, koyoto kapinteran, pengalaman, kabisa an, amarga kuasa utawa kasugihan sing di duweki, tenaga, pikiran, wektu, malah wong wong kang dhewke tresnani, kabeh mau duweke Gusti Kang Moho Tunggal.
Mulo, ing pendhak wektu siap, menawa kabeh kang ono ing diri pribadine, dikersaake ( dijaluk ) sing duwe, Gusti Kang Moho Tunggal, arep dikanggoake sijine..
Kersane Gusti mau, diweruhi saka Urip kang ana ing dri pribadine.
Dadi, ikhlas mau ora mung nek kelangan utawa menehi, ananging uga ikhlas nampa opo wae.
Kanggo conto: Salah sawijining wong, dening Presiden, ka angkat didadekne dadi Menteri Kesehatan. Dhweke nompone mung kersane Gusti, kang ditujokake marang dheweke sarana presiden, menawa dheweke dipercaya kanggo rakyat kang cacahe 220 yuta jiwa bangsa Indonesia supaya sehat kabeh. Dadi, kedadeyane kesehatan rakyat kabeh, kudu bisa ditanggung jawabke marang Gusti. Dheweke kudu nrimo lan ikhlas nompo beban, tugas lan kewajiban kuwi. Babar blas ora mandang saka segi pangkat ( kuasa ), keluhuran, , upah ( pengasilan ) sing ditompone.iku bakal ora langgeng. Ananging menawa dheweke bisa njalanake kewajibane sing diwenehake Gusti kanti becik, deweke ateges wis mlaku luwih nyedakake dheweke marang Gusti. Iki bakal luwih langgeng tembe mburine utawa kasile.
Menawa sawijining wong kang diwenehi kasugihan kang turah turah, adoh ngluwihi saka kebutuhane, dhewke kudu nrimo lan ikhlas nompo, menawa dheweke diwenehi tugas kang luwih gedhe tumrap kemakmuran, karaharjan lan kabagyan sesama .
Menawa siji wong kang diwenehi kepinteran ngluwihi saka sapodhone, dheweke kudu nrimo lan ikhlas nompo tugas nularake kepinterane kuwi kanggo sapodhone. Lan dudu kanggo nguasani sapodho podhone.
Kabeh kaluwihan kang wis diparingake kuwi kudu di gunakake sing pas. Urip ngerti, kanggo opo lan sopo.
Menawa ora, nek nganti titi wancine tumeka, Urip ora bakal bisa langsung bali marang Gusti, amarga isih ana beban kang isih keri.
Wis bisa durung to kita ngasorake ( ngalahake ) “ AKU “?
Durung, “AKU “sing banget kuate lan wis banget ngoyot ing jero badan kita.. Nuli sawise kita bisa njalani 5 laku pangumbahing rogo, kita isih merlokake pambyantu sarana gaib, kanggo ngalahake “AKU”.
Sarana gaib IV sing mok perlokke.
S I N G K I R – Sarana gaib IV
“singkir” iki, guanne kanggo nipisake “AKU” kang warno warno sipate, kalebu angkoro murko ing njero kita dhewe.
Tembung – tembung “singkir”
Gusti ingkang moho suci,
Kulo nyuwun pangapuro dumateng Gusti ingkang Moho Suci;
Sirolah, dhatolah, sipatolah;
Kulo sejatine satriyo / wanito;
Hananiro – hananingsun;
Wujudiro - wujudingsun;
Siro sirno mati dhening satriyo / wanito sejati;
Ketiban idhuku putih, sirno layu dhening (asmo )
Ing wektu wektu senggang, menawa pikiranmu lagi padang lan tenang,
Latihen nggunakake “singkir “ iki.
Samsoyo suwe, “ AKU “ ing dhiri pribadimu bakal samsoyo nipis.
Iki sing bakal nggampangake awakkmu nglakoni laku , mergane “ AKU “
Dhewekuwi kang biyosone tansah nglawan ( ngrecoki ), nglawan karepe Urip, menawa arep tandang tumindhak. “ AKU “ tansah maujud ing warno nalar lan alesan, supoyo mbatalake karsane Urip.
Wis tekan ngendi lakumu saiki:
Tangi turu “ Kunci “, arep turu “ Kunci “, ana opo opo “Kunci”, ora ana opo opo “ Kunci”.
Arep tumindhak/ tandhang opo waemijil dhisik. Sawise mijil, tansah ngleksanake karsane ingsun (Urip ). Menawa beda karo karsane “ AKU “, sabanjure karsane “AKU “ kang di asorake ( dikalahake ).
Tansah sabar, narimo, ngalah, tresno welas asih lan ikhlas, kabantu “singkir “ kang kuasa nipisake “AKU” ing awake dhewe.
Menewa wis bener, sepisan meneh awakmu wis koyo mengkono iku, nuli gedhe banget kebenerane awakmu bisa nggunakake sarana Gaib kang kaping –V, yaiku PAWELING.
P A W E L I N G
Tembung – tembung Paweling
Siji- siji, loro loro, telu- telonono,
Siji sekti, loro dadi, telu pandito,
Siji wahayu, loro gratrahino, telu rejeki
Awas:aja ngantikleru karo “ Aji Pameling “ sing di gunakake wong kanggo hubungan ( sesambungan ) jarak adoh jenise telepathy.
Menawa awakmu wis bisa koyo kang sing di jlentrehake ing ngarep, nuli paweling iki wis bisa mbok gunakake sing trep ( pas kang sayekti ).
Paweling yoiku sarana gaib kanggo nyambungke Urip sing ana ing jero dhiri kita karo URIP kang ngalimpudhi jagad raya sakisine. Yoiku Gusti Kang Moho tunggal.
Kedadeyan kang mengkono iku, kang saktemene kang kasebut Manunggal. Uga kasebut manunggaling kawulo Gusti, utawa manunggaling putro karo ROMO , utawa Manunggaling Urip karo URIP kang ngalimpudhi.
( Putro yoiku urip kang ana ing dhiri kita, sabanjure ROMO yoiku URIP kang ngalimpudhi, nggerakake lan nguasai alam raya saisine.).
Menawa awkmu bener bisa nggunakake paweling , kowe bakaling jero kang tansah dadi siji / manunggal karo alam.
Sarwo winatese awakmu dadi menungsa, sirna (dimensi ruang lan wektu ).
Awakmu bakal ngalami manggon ana ing panggonan luwih saka siji, ing wektu kang bebarengan. Ananging maujude awkmu iku dudu mung “ayang-ayang”saka awakmu, nagging bener bener yo awkmu dhewe. ing pendhak p[endhak nggon,kowe contone podho podho mangan- ngombe lan nindhaake opo wae koyo biasa ( lumrah ).disekseni wong liyo. Malah, kowe bisa manggon ing 2 panggonan, kalebu mobil dhuwekmu uga dadi 2. kadadeyan iki wis makaping kaping kadadeyan ing dhiri sawijining penghayat laku iki, lan seksi seksine isih podho urip.
Mesti wae,kita ora temtu terus terusaning jero kadadeyan manunggal karo Gusti. Kita ora bakal kuat.
Mualane, menawa pisan pisan dikeparengake bisa ngrasakake, kita uwis tau nompo keberkahan (anugrah ) kang ora bisa ka ukur. Iki ateges menawa kita tau njalani “ dalan bali “ kita menyang Gusti.( Tuhan ). Sawijining kanikmatan lan kabagyan sing paling dhuwur kang bisa digayuh menungsa.
Menawa sawijining menungsa ing kadadeyan mengkono, mula apa kang dikandhakake bakal kadaden. Kamongko ora mlebu ing nalar. Utawa nalar menungsa ora nyandhak. Opo meneh sakdurunge kabeh wong podho ora percaya lan soyo sing mbantah, mula bakal kabuktekake menawa apa kang dikandhakake dadi sunyoto. Lan lagi wong kepeksa ngakoni, opo meneh nalarte ora bisa nompo. Sabanjure, paling paling, kasebutna mujijat, ajaib.
Pirang pirang catetan kanggo njelasake
Laku gelar gulung
Gelar tegese kang asipat lair. Gulung tegese kangasipat spiritual, kang gaib. Penghayat laku Kasampurnan manunggal kinantenan sarwo mijil, lakune gelar gulung.
Tegesae:
Opowae kang ditampa gulung, yaiku karsane urip kang ketangkep rasa, gek cepet cepet digelarake, dileksanake.
Catetan:
“Dawuhe Urip”, menawa ditompo ( ing rasa, uga kasebut : roso jati ), kudu gek dang dileksanakake.
Nek katunda sing leksanakake, kita ora bakal enthuk bukti benere “ dhawuh “ iku. Ora bakal kadadeyan, “ dawuh” di wenehake, ananging durung wektune ( durung “ titi wanci”). Urip ora bakal menehi “ dawuh” e, nek duuing wektune kaleksanakake.
Iku kang kasebut” nggelarake gulung”, mulo ana rumus kanggo putro ( penghayat laku iki), yaiku: Krenteg, Budhi, Ono
(timbul rasa, obahing rasane, langsung tumindhak, dileksanake, bakal ono buktine). Kosok walike:
Opo wae kang dialami, diadepi, kudu tansah digulung. Tegesae, opo wae kang kita alami, kita adepi, kudu mijil, karepe ditakokake marang Urip, opo to satemene makna saka kadaden kang kita alami utawa kita adepi kuwi.
Iki kang di jenengake “nggulung samubarang kang sipat gelar “ (nggulung yoiku nakokake menyang jero roso, kabeh kang sipate lair).
Dadine , kita ora grusa grusu gawe kesimpulan( negesi ) kabeh samubarang kang kita alami , kita adepi, amarga kita kabeh weruh , makna lan karepe sing ora katon ing kadadeyan iku. Kanti tembung liyane, kita mangerteni , apa to saktemene sing dadi karepe Gusti, sing ditompo Urip ing dhiri kita.
Kerep, kita ngalami kedadeyan sing ora ngepenakake marang wawak kito. Sawise di gulung, kito mangerteni ,menawa , kuwi mau saktemene peringatan lan pituduh saka Gusti. Lan iki, yo mung Urip kang mangerteni. Iki kang kasebut nemokake hikmah saka mawarna warno kadadeyan . dudu , kanti ngotak atik gatuk (nyambung – nyambungake sarana pikiran.).
Nglatih laku kita.
Lapangan kang paling becik kanggo njalani laku iki , yoiku ing jero keluwarga kita dhewe dhewe ,. Menawa ing jero keluawarga kito dhewe , kito wis biso koyo sing digambarake ing ngarep, kita bisa nglatih dhiri menyang wilayah kang luwih amba. Contone ana ing nggon pagaweyan, utawa ing kemasyarakatan.
Ananging, ana arena kang banget efektif ( pas migunani ) kanggo nglatih, yoiku ing sarasehan bebarengan karo kadhang kadhang kito.
Romo Herucokro Semono :
“nek beras sak las dhideplok, mesti ajur. Nanging nek beras sak lumping, jenenge dhisosoh. Ora amarga alone utawa lumpange, nanging amargo gosok ginosok antarane las siji karo sijine, dhadhi podo mlecete , dhadhi podo putihe.”
Dhdhi gosok ginosok karo podo kadhang, bakal cepet nyepetake proses laku kita.
Tenane, digosok kuwi ora kepenak , kalamangsane rodo lara , nanging menawa kito wedi ke gosok, kito bakal ora tau dadi putih memplak ( resik ).
Bebarengan saiyeg saeko proyo penghayat laku iki
Sawijing penghayat karo penghayat lain kasebut : “kadhang”.
“ kadhang : ing kene, tegese sawijinig wong kang hubungane ngluwihi sedulure tunggal bapa- ibu ( tunggal kandung ).
Romo Herucokro Semono:
“sedhulur sakringkel iku sing podo mung kulit – dhaginge, dhadhi bisa bosok, nek kadhang iku uripe, dhadhi tansah rante rinante - rasane.”
Podho baren – bareng ( kebersamaan )poro penghayat kajenengake : “kekadhangan “
“Kekadhangan “ iki kadadekna kanti alami sipate ( ora merga digawe gawe ) , menawa pendhak pribadi pancen tenananan anggone ngenut Urip.
Ing ngarep wis di jlentrehake, menawa Urip iku podo, satemene siji.
Mangkane, menawa pendhak pribadi ngenut Urip, bakal ketarik ben dhadhi manunggal. ( menyatu ). Ora mung ben nunggal. ( bersatu ).
Manunggaling sesama penghayat bakal nuwuhake ke- Guyub –Rukunan kang murni. Ora dig awe gawe, dudu merga ana pamrih, lan luwih luwih ora merga dipeksa.
Sakabehe beda beda kang sipat lair meh ora katon lan ora kroso. Yen to isih ono, yo mung mergane kawatesan babagan sikap kang dedasar etika ( sopan santun, tata-kromo ). Sing enom ngormati sing tuwa, sing tuwa metongake(menghargai ) sing enom.
Sing tua dikormati merga duweni kematengan jiwa amarga saka pengalaman lan jerone laku ( “ temuwa “ ), sing enom di pritongake( diregani ) mergo
Pintere lan semangate sing ngangsu sak akeh akehe, sarto kalimpadhane ing babagan obah bregas trengginas, tansah nyawang kanggo kemajuan, kebak carane tumindhak.( aktif, dinamis, kreatif ).
Ing pagaweyan apa wae, tanpa direncana tanpa diatur. Kabeh kabeh podo ngenut rasane . gaib kang ngatur. Lan kasile, apa kang ditindhakake poro penghayat mau, podho isi ngiseni, nglengkapi, kabeh komplit, nyukupi , lan kasile bakal gawe kabagyan kabeh wong.
Kunci, Asmo, Mijil, Singkir, Paweling kuwi, dudu donga, dudu “rapal”,dudu mantera utawa mantram.
KUNCI
Kerep dikandhakake, “Moco kunci ping pitu, nanging pitu iku dhudhu etungan”
Sing tegese:
“ maca “ kunci , kudhu nganti isoh ngrasakake sing saktenane ( sakbenere ) menawa 7 lapis raga , siji siji ne lan sakabehe, nyembah marang Urip.
Dhadhi, tenan tenan kroso. Rosone nek 7 lapis raga , kabeh wis kena dayane kunci, lan nyembah kang ateges pasrah marang Urip.
Menawa” moco “ kunci isih bisa ngetung, ateges isih “ moco “ nganggo pikirane ( nalare), during nganggo roso. Roso ora tau bisa ngetung.
Conto:
Kito bisa ngetung who sawo, ananging kito ora bisa ngetung rasane sawo. Akeh wong kang nggunakake kunci, isih ka anggo koyo dene “rapal ” utawa jopo mantra.Mung nek wis bisa “maca” ing batin.
Akeh uga kang “maca” kunci isih dipetung.
Sanajan kang koyo mengkono iku uga oleh paseksen ( pembuktian ),ananging dudu kuwi kang saktemene( sayektine ).
Menawa “ maca “ kunci kanti rosomula ora di etung., nganti mandheg dhewe. aja dipikir, nganti tekan ngendhi mandege, apameneh wis ping piro pas mandeg.mula nek wis mandeg, tegese 7 lapis ragakabeh nyembah lan pasrah marang kuasa lan pangayomane Urip.
Menawa nglatih “ maca “ kunci sing koyo mengkene soyo suwe kito bisa “ maca” kunci ing wektu kang cepet banget.nek perlu tanpa nggunakake unen unen kunci meneh.
Wis kebukti menawa opo kang di kandhakake Romo Herucokro Semono, menawa “ Kunci iku dhudhu unine, dhudhu unen unene, nanging kang mahanani uni”. Dadi Gaib.
Aja nganti keblasuk, ndadekake “ maca “ kunci kanggo cara ritual( ritus ), ritual kang sipat ajeg, kerep blasuke kito menyang cetheke penghayatan . hamung kulite lan ora rasane.
Mijil ( wis klebu Asmo )
Isih akeh kang nggunakake kunci kanggo Mantra.( jopo mantra ).
Koyo to, arep lunga, Mijil dhisik. Senajan wis ngucapake tembung tembunge Mijil, langsung lunga.
Kamangka , tegese Mijil, supoyo menungsa, sadurunge nindhakake samubarang, oleh tuntunan Urip.
Oleh apa ora. Menawa oleh bakal enthok dalan( petunjuk ), opo, piro, kepriye, mengkone.
Conto:
Kito arep lunga menyang papan ngendhi. Kito Mijil, lan tetep “ ening “, sabanjure enthok roso, kepareng. Roso uga menehi dalan , supoyo liwat ing dalan kang wis katemtokake. Lagi kito lunga.
Sawijining wong njaluk kito mbiyantu, kamongko bener yen to kito kuat lan bisa menehi bantuan kuwi. Contone arupa duit.
Kito Mijil. Bakal kito tompo ing roso, oleh utawa ora. Menawa ora, esoh wae mergo bantuan kito iku arep kagunakake kang ora becik lan ora bener. Menawa dikeparengake, kito bakal nompo pituduh sepiro gedhene bantuan kuwi sakmestine ( miturut Urip ) kito wenehake.
Kanti mijil kang bener koyo mengkono iku, karepe ben aja nganti kito nganti nindhakake” luput”, nindhakake luput miturut ukuran Urip ( ukuran kang paling becik lan paling bener = beciking- becik lan benering- bener.).
Singkir
Isih akeh kang nompo wulang - wuruk Romo Herucokro Semono, kang diwenehake kanti” Sanepan “, padan ( kiasan ), ditompo mentah – mentah.
Singkir kagunakake kanggo ngadepi bebayo angina gedhe ( topan / lesus ), gempa bumi ( lindu ), lan gunung mbledos . iki kiasan ( padan ), “ sanepan “.
Kang dikarepke yoiku ing donya cilik, jagad cilik, microcosmos, yoiku dhiri kito.
Angin topan yoiku suara kang ora kepenak dirungokake. Koyoto fitnah, diolok - olok,dielek - elek, sindhiran, luwih luwih sing seneng mbiji ( mengkritik ) marang dhiri kito. Kang buntute, geni murup ing dhiri kito.kito dadhi ora tenang , tegese donya kita lagi kena lindu ( gonjang- ganjing ). Menawa wis ora kuat, cangkem kito bakal mbledos, elek , kang tegese gununge mbledos.
Kabeh mau, amarga saka “ AKU “ ing dhiri kito kang tandang gawe ( makarti ). Dadi kabeh mau saka sang “ AKU “
Kanggo nyudha sak okeh okehe kedadeyan angina topan, geni, lindhu, gunung mbledos dhiri kito, mulo diwenehi Singkir.
PAWELING
Ana 2 bab kang disalah tafsirake ( salah paham ) kang asring kadadeyan ing babagan Paweling iki.
Kang sepisanan (1 ), nindhakake paweling koyo dene Aji Pameling. Digunakake kanggo sesambungan karo wong liyo ( kadhang ) saka kadohan. Menawa bisa ,eman temen. Kuwi podokaro “ mbedil manuk nganggo meriyem.manuke mabur, witte rubuh “.
Kang kepindho (2 ), nindhakake Paweling koyo dene telephon, kanggo Nelpon ROMO, Gusti Ingkang Moho Suci, Tuhan Yang Maha Esa.
Nyuwun pitudhuh utawa “dawuh “ kanggo dheweke. Banjur apa kang ditompo, ka anggep dadhi “ dhawuhe “ ROMO, Gusti Ingkang Moho Suci.
Iki podho karo wong kang diwenehisatelit komunikasi, sabanjure mung kagunakake kanggo pacaran. Dadhi,menawa pas bener – bener ana “dhawuh”saka ROMO, Gusti Ingkang Moho Suci. Saluran kito pas nutup.
Kanggo ngatur, ngayomi, njaga lan nggedhekake dhiri kito ( jagad –cilik, microcosmos ), kanggo sarono menehi marang dhiri kito, Gusti Ingkang Moho Suci menehke mandate ( kuasane ) menyang Urip ikang ana ing dhiri kito dhewe dhewe.
Dahi ora perlu lan ora ana gunane , nggowo nggowo ROMO, Gusti Ingkang Moho Suci.. Kleru- klerune , pitudhuh utawa “ dhawuhe “ Urip, kito anggep pitudhuh utawa “ dhawuhe “ ROMO, Gusti Ingkang Moho Suci.
Pitudhuh utawa “dhawuh “ saka ROMO , Gusti Ingkang Moho Suci, tansah kanggo kang sipat umum, dudu kanggo dhiri pribadi.. Lan mesti ana tondho tondho, contone uga ana wong liyo kang nompo podho. Pitudhuh utawa “dhawuh “ koyo mengkene iki, bisa dhiri kito ora ana gandeng cenenge babar blas yen kaukur gelar ( lahiriah ), lan mesti kedadeyan, malah nek dinalar dening maewu ewu menungsa ora bakal bisa.
Conto “ dhawuh” ROMO, Gusti Ingkang Moho Suci:
Tahun 1978, salah sijinig Penghayat Kapribaden, ngandhakake menawa Komunisme ing Rusia lan Eropa timur bakal ilang.
Blas wektu iku, siji siji wong wae ora ana sing gelem percaya. Lan kabeh wong podho ngandhakake ora bakalan. Ananging jebolane tenan tenan kadadeyan..
Suwe sak durunge kadadeyan, salah siji penghayat Kapribaden , ngandhakake Amerika lan wadyo bolone bakal gempur Irak. Akeh kang maido kanti petungan telik sandi ( analisa intelijen ), kang ngandhakake ora bakalan, amargo Amerika mangiro iro menawa Unisoviet bakal mbyantu Irak. Anaging sing kedadeyan koyo cocok karo “ dawuh “ lan ora cocok karo analisa / petung akal pikiran.
Isih akeh conto liyane meneh.
Mulo, sakmestine ojo sok grusa grusu nggunakake Paweling. Menawa Paweling kito gunakake kanti awur awuran( sembarangan ), buntute kito malah ora esoh nggunakake Paweling kang sejati., Yoiku kanggo manunggalke Urip karo URIP, Putro karo ROMO, Gusti Ingkang Moho Suci.
Sing pokok ( secara garis besar ), koyo mengkono kuwi mau , Laku kanggo wong kang ngidham idhamake urip bagyo sejati ( tentrem) ing donya iki, lan ing entek entekane urip ben bisa oleh kasampurnan jati ( moksha ).
Tulisan mburine , kanggo tambahan, kanggo nambahi penjelasan.
Catetan :
Dino dino penting kanggo warga “ Paguyuban Penghayat Kapribaden”:
a.Tanggal 13/14 Nopember.
Dipengeti dadi tanggal tumurune“wahyu”. Pengetan kaleksanaake ing tanggal 13 nopember, kabuki jam 18.05 WIB,( wektu Indonesia sisih kulon ), yoiku wektu mijile Romo Herucokro.
b.Tanggal 25 Desember.
Dipengeti dadi tumurune Sabdo Guyub- Rukun.
c.Tanggal 3 maret.
Dipengeti dadi dino wafat ( mati ) Romo Herucokro Semono Sastrohadijoyo. Dening warga Paguyuban penghayat Kapribaden ,piyambake dipercaya dadi menungsa kang “ pininto – pinilih “ dening Gusti Ingkang Moho Suci kanggo nggelarake Panca Gaib.
d.Tanggal 29 april.
Dipengeti dadi dino tumurune Sabdha Honocoroko kanggo landesan tumrap
Paguyuban Penghayat Kapribaden.
e.Tanggal 30 juli.
Dipengeti dadi tanggal / dino resmi Paguyuban Penghayat kapribaden.
( diresmekake tanggal 30 juli 1978 ).
f.Tanggal 22 Juni.
Dipengeti dadi tahun anyar saka jawa ( asli ), dadi dino gedhe Kepercayaan.
marang Gusti Kang Moho Tunggal. .
0 Komentar:
Posting Komentar
Berlangganan Posting Komentar [Atom]
<< Beranda